Isnin, 2008 Disember 15

Coro-coro ngawe Mi Bandung Muar Ekspress!

Bahan-bahane

1. Rempah mi bandung Wak Rabu. Omahe nang Sri Menanti wae. Cepak karo omah uwong tuo ku. Murah wae rego ne. RM2.50 sak paket.

2. Banyu.

3. Endok ayam. Ojo takon aku, endok itik keneng opo rak, aku orak pernah jajal. He he he!

4. Sos lombok. Sos tometo pun keneng. Nek aku, nganggo sos lombok waey. Aku ora sukak sos tomato, kecut rosone. He he he!.

5. Minyak masak. Minyak masak yo, ojo minyak petrol pulak. He he he!

6. Uyah / Garem alus. Sing kasar pun keneng. Karep mu lah.


7. Daging lembu. Diiris alus-alus nganggo piso. Arek iris nganggo parang pun keneng. He he he!



Coro arek ngawe.

Penak wae. Bocah cilik pun iso nggawe. Ora percoyo?

1. Panas-ke minyak nang njero kendel. Nik ora eneng kendel, kuali pun keneng. He he he!

2. Lebok-ke banyu. 3-4 cawan waey. Ojo akeh bangeti. Nek kakehan banyu mengko kuahe cair, ora enak.

3. Lebok-ke perencah mi bandung Wak Rabu.

4. Cemplung-ke daging lembu. Arek lebok ne udang pun keneng. Godok sampek empuk.

5. Cemplung-ke endok ayam. Karep mu-lah arek cemplung-ke pirang biji.

6. Lebok-ke sos lombok / sos tometo.

7. Cemplung-ke uyah sak cukupe..

8. Alhamdulillah, kuah mi bandung wis siap! Haaaa...Percoyo opo rak omong ku? Kan penak bangeti kuwi ngawene.

9. Celur mi kasar.

10. Hidang ke. Nik eneng wedang oren sejuk pun enak. Ojo mangan dewek'an. Ajak konco-konco sekali. He he he!

11. Lebok-ke kuah nang njero pinggan mi kasar. Arek mangan njero kendel terus pun keneng. He he he!

12. Yuk podo-podo mangan. Boco Bismillah ndisek yo.

13. Erkkk... Warek... Alhamdulillah.

Jumaat, 2008 September 26

Salam Lebaran!



















Nyimpen jenang nang jero tin
Arek digowo mareng suro
Keluputan kulo lahir batin
Salah silap njalok ngapuro

Bocah cilik mangan sego
Sego dipangan karo gulo
Salam Idul Fitri sedulur jowo
Podo-podo njalok ngapuro


.

Isnin, 2008 Ogos 11

E-mel seko kang Marzuki

Assalamualaikum.....

Wis suwi tenan aku orak nulis nang kene. Wis limang bulan. Ora ono cerito apik pun yo, males arek nulis pun yo.

Nang ngisor iki aku 'copy & paste' e-mel seko kang Marzuki. E-mel tanggal 31 Julai 2008. [Kang Marzuki, aku lebokne e-mel mu nang kene yo...]
Subject: Re: TQ...JAZAKAULLAH...KESUWUN..

ASSALAMUALAIKUM.....

KHABAREY... WES SUII BANGET ORAKERUNGU BERITO...

MEREM MELEK..MEREM MELEK... WES MEH TEKO BULAN POSO...

SA IKI... RIKO ISIH NENG KL PO WES NGALEH NGON LAIN..

AKU JEK NENG KENEY WAEY.... KASEK PENCEN... MENOWOW...ENGKO 2013...
NEK KETEKAN ... UMOR REY....NEK ORAK PIKUN....RETI PIKUN PO RA...PIKUN KUI... NYANYUK.... OTOWO BUYUTEN..... TANGAN NEY/// NYEKEL PEN ORA ISO NEH.... KEDER..KEDER ...

SAIKI REJEB... TANGAL 27..... ISROK MIKROJ.... ENGKO NEK BULAN RUAH...( SHAABAN ) MUSIM KENDURI.... MEK BALIK KAMPONG YO... MANGAN SEGO AMBENG WAEY....KENDURI MBEN MBENGI.....RA BELIK KAMPONG PO...

WES .. NGKO NEK ISO BUALAN NEN,,,,,



Aku balas;

Waalaikumusalam.

Kabare waras. Alhamdulillah.

Eleng meneh kue karo aku yo. He he he.

Emakku wis nakoni, kapan arek balek kampung. Rambutane akeh, ora eneng seng mangan. Eneng telong pokok kabeh. Pokok seng nang buri entek rambutane kabeh dipangan ketek. He he he.

Insya-Allah, balik kampung jugak kenduri aruahan mengko. Entuk ngeroso sego ambeng sekali. He he he.

Yolah. Kapan-kapan nek penak sembang manehlah yo.

Wassalam.

Sabtu, 2008 Mac 22

Buku Sastra Jowo

Buku Bunga Rampai Sastra Jawa Mutakhir, susunan Prof Dr J.J. Ras [wong Belondo tapi iso ngomong Jowo! Malah pernah ngajar boso Jowo nang Universiti Malaya]. Angel arek nemu buku koyok kuwi sa iki. Aku tuku nang ngede buku Mutiara Ilmu, Jalan Pahang Barat, Kuala Lumpur. Wis amoh bukune, wis mambu apek, tapi njerone ijik apik, ijik keneng diboco. Kabeh cerito-cerito / sastra Jowo. Boso Jowone pun 'klasik' bangeti, akeh sing aku orak paham.

Pantun nang ngisor iki aku jikok seko buku kuwi. Jarane ditulis tahun 1974. Wis suwi tenan nik koyok ngono. Yok, podo-podo kito alusi maksud pantun iki.


Parikan, An. Hamin Ms.

Tuku jarit nang pasar Turi,
Murah regane maremke ati,
Dadi murid kudu ngajeni,
Marang guru aja sok wani.

Lunga Bengkulu tuku perkutut,
Sing ngati-ati dalane gawat,
Dawuhe guru kudu diturut,
supaya ngelmune bisa manfaat.

Lunga ngarit nang kulon kali,
sangua senik wadahe sega,
Dadi murid kudu ngulina,
tumindak becik laku utama.

Ungsum tikus kudu diracun,
cara gropyokan kudu disengkut,
Karo kancane kudu sing rukun,
aja tukaran drengki lan kasud.

An. Hamin Ms
[Parikesit No. 80, Juli 1974]



Mengko-mengko aku kongsi maneh cerito-cerito nang njero buku kuwi. Insya-Allah.

Rabu, 2008 Februari 20

Sup Buntut

Keperluan:
1 kg buntut sapi
2½ liter banyu
2 lenjer wortel sing gede
4 iji kentang
1 lenjer godong prei, jupuk ngisore wae
2 lenjer selderij
Bawang putih goreng saak cukupe


Keperluan kanggo bumbu:
4 iji cengkeh
2 iji kapulogo
½ sendok teh polo
½ sendok teh mrico
5 siung bawang putih
2 cm jahe (sak wungkul cilik)
lengo goreng sitik dianggo numis
uyah sak cukupe

Corone Nggawe:
1. Buntut sapi dimasak/digodog ning presto ± 45 menit nganti empuk tenan daginge. Yen wis empuk, jupuk buntut sapi-ne sisihno.

2. Bumbu2 diuleg sing alus, godong prei dirajang alus miring. Selderij rajang alus.

3. Enkrongke wajan isi lengo sitik, tumis bumbu2 mau disik nganti arum & layu, lagi cemplungke daging buntute, wolak walik roto, yen wis ngono cemplungke ning panci buillon daging buntut sing wis ditumis karo bumbu mau.

4. Godog maneh, wortel lan kentang dikatutno pisan. Uyah sak cukupe yen wis empuk lan mateng banjur diangkat.

5. Sajekno panas2 ning mangkok karo di-pyuri selderij lan bawang putih goreng, sego putih, sambel kecap utowo sambel bawang, emping, sing seneng kecut iso dikeceri sitik nganggo jeruk pecel / nipis.


Yok! Nggawe..... Wis kemecer ki....Hehehe!

Sumber : Resep Panganan Boso Jowo soko Mbak Ariane van de Heuvelesep